Total Pageviews

Thursday, February 16, 2012

Tembang Macapat


Adhedasar panemune para winasis, tembang macapat iku anggitane para wali sanga nalika jaman Mataram akhir nganti jaman Pajang pungkasan abad 15 Masehi tumeka abad 16 Masehi.

Guru gatra: cacahing larik saben sak gatra
Guru wilangan : cacahing wanda saben sak gatra
Guru lagu: tibaning swara saben pungkasaning gatra
Laras: nada
Titi laras: tangga nada ==> slendro + pelog

Dene para wali kang yasa tembang macapat yaiku:

1.      Sunan Kalijaga => Dhandhanggula
2.      Sunan Giri => Asmarandana + Pocung
3.      Sunan Bonang => Durma
4.      Sunan Muria => Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi
5.      Sunan Kalijaga => Pangkur

NO
Tembang
Watak
Gunane
1
Asmarandana
Guru gatra : 7
8i-8a-8e-8a-7a-8u-8a
Sedih, kangen, kingkin
Medharake rasa sedih, kangen, kingkin
2
Durma
Guru gatra : 7
12a-7i-6a-7a-8i-5a-7i
Greget, galak, semangat
Nggambarake kenepson, muntab, jengkel, peperangan
3
Dhandhanggula
Guru gatra : 10
10i-10a-8e-7u-9i-7a-6u-8a-12i-7a
Manis, luwes, sengsem
Kanggo medharake swasana apa bae
4
Gambuh
Guru gatra: 5
7a-10u-12i-8u-8a
Lugas, blaka, tanpa ragu-ragu
Medharaken rasa paseduluran, pitutur lan tulusing ati.
5
Kinanthi
Guru gatra : 6
8u-8i-8a-8i-8a-8i
Gembira, mesra
Medharake rasa tresna asih lan paring pitutur
6
Maskumambang
Guru gatra : 4
12i-6a-8i-8a
Susah, sedih, kalara lara
Nggambarake rasa trenyuh, sedih, kalara-lara
7
Megatruh
Guru gatra : 5
12u-8i-8u-8i-8o
Susah, sedih, karanta ranta, gela
Nggambarake rasa susah, sedih, karanta ranta, gela
8
Mijil
Guru gatra : 6
10i-6o-10e-10i-6i-6u
Trenyuh, kapilut
Nggambarake rasa trenyuh, kapilut, tresna asih, lan pitutur
9
Pangkur
Guru gatra : 7
8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i
Gagah, prawira, greget
Paring pitutur mawa semangat, nggambarake tresna kang makantar kantar, utawa swasana perang
10
Pocung
Guru gatra : 4
12a-6a-8i-12a
Sakepenake
Medharake rasa sakepenake, katon kurang temenanan (serius)
11
Sinom
Guru gatra : 9
8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-12a
Seneng, gembira, mencutake
Nggambarake swasana kang sigrak, semarak

Urut-urutane
1. Maskumambang
jabang bayi ingkang isih ing kandhungan ibune

2. Mijil
wis lair lan wis cetha lanang wadone

3. Sinom
isih enom srawungan karo kanca-kanca

4. Kinanthi
nggoleti jati diri

5. Asmarandhana

6. Gambuh
krama, komitmen

7. Dhandanggula
uripe wis mulia

8. Durma
seneng menehi derma

9. Pangkur

10. Megatruh
ruh pisah saking raga

11. Pocung
Dikutip dari berbagai sumber

2 comments:

  1. Oh, jadi semua lagu macapat itu ada yang mengartikan urut-urutan kehidupan manusia toh..

    ReplyDelete
  2. Yupz, indah bukan? yang saya posting ini hanya ringkasan dari arti tembang macapat. Kebetulan guru saya yang memberitahukan

    ReplyDelete